Saturday, October 16, 2010

WITING TRESNO JALARAN SOKO KULINO,. JAVA LANGUAGE

Tugu Yogjakarta

Kulo sareng konco konco, kabeh tiang Tapanuli - wong podo ngertine yo wong Batak -  ana sewa omah lore Tugu, lore Jetisharjo ndeso Petinggen, adoh saking kuto, taksih ijo royo royo, kulone omah taksih ana sawah karo wit sing gede gede. Tangga tanggane rukun, ora tau padu, ora ana sing cekakan bengok bengok sadurunge wong Batake teka.

Omahe model limas, mlebu ngisore lawang mesti nunduk, ben sopo sing teko kudu kulonuwun ndisek, mrunduk sirahe,  kaya ngana adate hormat karo sing luwih sepuh.

                                                                                      Rumah limas

Koncoku kabeh, nek ora masak dewe dewe, yo lunga tuku neng warung, ning  kulo mawon sing ditompo indekost mangan neng omahe pak Selamet, pak RT, sing persis ngarepe omahku.. Sadino mangan ping telu, esuk esuk, awan karo wengi.

Nganggo sarapan, Ibu Slamet nuku saking  si mbok neng pinggir dalan gede, gudeg nongko, pitik suwir suwir karo krecek lembut kuning, kulite kebo campur meneh karo awu saking montor sing sliweran..

Mulano kuwi,  tekan saiki, kulo taksih doyan karo panganan gudeg, opo maneh jenenge krecek, kulo mesti tanduk. Nek ana gawean dinas opo keperluan liane lungo neng Yogjakarta, kulo  mesti mampir  leyeh leyeh, lesehan nganggu tikar ing Malioboro.

Anake pak RT ono papat, sing mbarep dewe wedok, ayu jen ireng manis, taksih nom banget, bocah  kelas telu SMP, saban mangan ngancani aku  karo adike wedok. Gedene meh podo, karo mbakyu ne,. Sing mbarep nek njaluk nganter numpak pit  opo mbecak neng sekolah kulo senang banget, sak minggu ping piro. Ibu ne ngerti  banget, kudu ono opo opo anake karo aku, neng omah sinau wong loro, sinau opo ora, pokoke neng mejo akeh buku. Sinau opo dolanan, Ibune ora ngerti babar pisan
Univ. Gajahmada, Bulaksumur


Ing taon 1998 menopo kulo nyambut gawe neng Kudus, Jawa Tengah, ana siji  Staf anyar, wong Yogjakarta, ngertos banget sopo Pak Slamet karo anake Nur, biyen  tonggone neng Deso  Petinggen,  ning saiki ora ngerti neng endi omah Nur anake Pak Slamet.

Iki crito kulo serat jalaran ono janji karo konco wong Jowo, janjine arep nulis crito ing bahasa nggonku, bahasa Batak lan aku dikon nulis ing boso Jowo. Ora ngerti ngurit ing kromo inggil , angel banget, aku ora  isa. Dekne ngangsuli arep nulis ning arep takoni sek karo Ibu mertuo, dadi njalok wektune ojo kesusu, njalok sak sasi.

Kulo ngenteni tekan saiki koncoku sing arep ngarang ing basa Batak ora teko teko, kulo ora iso ngenteni mene, ya sa anane, kulo post wae. Mangke kulo nambahi mene sisan di edit.
Kulo nuwun pangapunten, mbok menowo ono sing kabablasan, kulo malah ngenteni editan saking panjenengan sedoyo. Matur sembah nuwun.


 






.

No comments: